Sejarah Desa

@ws 30 April 2014 17:20:39 WIB

PERANGAN I

PROPIL DESA SEMANU TAHUN 2017

 

Semanu Regol kiring Kabupaten Gunungkidul

Desa Semanu mujudaken regol Kabupaten Gunungkidul sisih wetan, ugi mapan ing regol Kecamatan Semanu sisih kilen pitung (7) km saking punjering paprentahan kabupaten Gunungkidul. Desa Semanu ugi mujudaken punjering paprentahan ing Kecamatan Semanu

  1. Kawontenan Geografi Desa.
  • Wates-wates Desa Semanu manut papan Geografis :
  • Wates Lor Desa Kelor Kecamatan Karangmojo
  • Wates Wetan Desa Ngeposari Kecamatan Semanu
  • Wates Kidul Desa Candirejo Kecamatan Semanu
  • Wates kulon Desa Baleharjo Kecamatan Wonosari
  • Wiyar tebaning Desa Semanu
  • Jembaring wewengkon Desa Semanu :1746,2605 Ha
  • Wewengkon kaperang dados 19 Padukuhan, 49 RW, 134 RT
  • Dumunung ing antawis 49 - 100 meter saking saklumahing banyu segara.
  1. Kawontenan Demografi Desa
  • Kawontenan Penduduk

Gunggunging penduduk

:

16.320

jiwa

Gunggunging KK 

:

5.085  

KK

Penduduk jaler 

:

8.044

jiwa

Penduduk estri

:

8.276

Jiwa

 

  • Kawontenan Pawiyatan

Gungunging pawiyatan miturut gegolonganipun :

PAUD Formal Non Formal

:

22

Unit

SD/MI sederajat

:

7

Unit

SMP/MTSSederajat

:

4

Unit

SLTA/SMK sederajat

:

2

Unit

PKBM

:

1

Unit

Perpustakaan Desa

:

1

Unit

Gubuk Pintar

:

1

Unit

 

Semanu punjer tumangkaring Seni lan Kabudayan

 

Desa Semanu mujudaken Desa Budaya kanthi Kekancingan Peraturan  Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta No 25 tahun 1991 lan dipun kiyataken malih kanthi kekancingan Peraturan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta No 36 tahun 2014.

Desa Semanu pantes nyandhang pinangka desa budaya karana desa ingkang kadadosan saking 19 padhukuhan meh saben padhukuhan nguri-uri sarta ngembangkan seni lan kabudayan tilaranipun para leluhur.

Upacara bersih desa dipun gelar kangge mengeti para leluhur ingkang babad Padukhanipunupaminipun Senin Legi menika kangge mengeti cikal bakal Padhukuhan Semanu Utara, Semanu Tengah, Semanu selatan tuwin Tambakrejo.

Ahad legi kangge mengeti cikal bakal dumadine Padhukuhan Munggi, Wareng, Sokokerep,Tunggul Kilen lan Tunggul wetan, Senin Wage kangge mengeti cikal bakal Padhukuhan Sambirejo, Nitikan Kilen sarta Nitikan Wetan.

Ahad Kliwon kangge Padhukuha Ngebrak Kilen lan Ngebrak Wetan, Jumat Legi kangge Padhukuhan Pragak lan Bendorejo, Ahad Wage  Padhukuhan Ngringin lan Senin Kliwon kangge Padhukuhan Clorot. Upacara Gumregan kemawon ugi benten-benten dintenipun saben padhukuhan.

Ing babagan seni ugi ngrembaka antawisipun, Seni Kethoprak saking 19 padhukuhan wonten 8 paguyuban dene ingkang pinunjul paguyuban Panji Budaya ingkang saben tahun pikantuk kajuwaran ing Festifal Kethoprak Kabupaten Gunungkidul.

Kagunan Seni Jathilan ugi mekaten saking 19 padhkuhan wonten gangsal kelompok Seni dene ingkang pinunjul ing antawisipun Kuda Pradata ing Ngringin, Turangga Laras ing Sokokerep, lan Cikal Budaya ing Semanu tengah. Kagunan seni sanesipun  ingkang taksih ngrembaka Seni pedhalangan, wayangwong, wayang topeng lan reyog.

Kagunan seni ingkang sakmenika nembe dipun gandrungi dening warga masyarakat ingkang menika Kagunan Keprajuridan Kepanjen lan Sikil dhuwur ing kang kawentar tlatah pulo Jawi.

Desa Semanu menika masyarakatipun kalebet masyarakat religius, nanging seni kabudayan ugi ngrembaka kanthi sesarengan mboten wonten dredah ingkang gegayutan kaliyan penganut agami. Menika Desa Semanu.

Semanu ingkang gemah ripah loh jinawi

Desa Semanu mboten tebih saking panyandrane dalang nalika janturan inggih menika Desa Seman Semanu ingkang panjang punjung loh jinawi, gemah ripah kerta raharja. Panjang dawa pocapane pranyata Desa Semanu wus kawentar ing saindheng pulo jawi ing babagan Kagunan Seni ugi peken kewan.

Loh jinawi  tegese sitinpun desa Semanu kalebet siti loh ingkang tulus tinanduran, satemah desa Semanu kalebet desaing swasembada pangan. Gemah lakune sudagar. Desa Semanu dados punjering dedagangan Pasar tradisional Pasar Kliwon ingkang kangge pelayanan warga masyarakat bikak 24 jam.

Pasar kewan dados jujugan juragan kewan ing tlatah pulo jawi, pasar moderen ugi ngrembaka kadosta GB.Balad, GB Setia, GB Bima,  Alfamat sarta Indomaret sedaya ngrembaka kanthi sesandhingan.

Kerta raharjo tegesipun sedaya kabetahan warga desa Semanu saget kacekapan. Mawarni-warni pakaryanipun warga Semanu wonten ingkang ulah tetanen, dedagangan, buruh, sopir, tukang, lan pegawai pemerintah. Menawi enjing lumampah ing pakaryan sonten nembe wangsul ing dalemipun piyambak datan wonten laku durjana miwah cecengilan.

Semanu Desa kang pinunjul

Desa Semanu ingkang dados punjering paprentahan Kecamatan Semanu nggadhahi fasilitas ingkang pinunjul ing antawisipun pawiyatan negeri saking Sekolah Dasar, SMP, M.Ts, SMK, SMK sedaya wonten ing wewengkon desa Semanu.

 Ing babagan kesarasan wonten Puskesmas, ing babagan ekonomi wonten peken tradisional,  peken kewan, peken sayur,  ngantos peken swalayan ingkang ngladosi 24 jam. Pabrik kaliber nasional Supersonik, Gunungmakmur, Selodipa, PT Malindo ingkang saget nyedhot tenaga kerja ing nyekapi satemah mboten wonten warga ing dados pengangguran.

Ing babagan seni ingkang sampun kawental dumugi manca praja ing antawisipun Seni Jathilan, Seni Kehoprak, Keprajuridan Kepanjen, lan Seni Keprajuridan Sikil dhuwur ingkang sampun nglanglang  bawana anggenipun beber. Wiwit wewengkon Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, Jawa tengah ngantos dumugi Jawa tmur. Semanu mila pinunjul ing babagan ekonomi, seni lan kabudayan.

 

PERANGAN II 

Legenda Dumadosipun Desa Semanu

 

Kirang langkung warsa 1479 Masehi ing wewengkon kabuyutan wonten ingkang sami dedhukuh ing mriku dipun sesepuhi dening ki Buyut Sentanu. Piyantun-piyantun wau gesang kanthi prasaja guyub rukun sami bantu binantu mboten wonten ingkang sami tumindak cecengilan.

Warga ing Kabuyutan mriku gesang kanthi ayom, ayem, tata titi lan tentrem. Dumadakan warga ing kabuyutan dipun kejotaken dening rawuhipun bregada ingkang sami nitih kudha sarta nggeret jodhang ingkang isi gegaman sarta tetedhan.

Ki Buyut Sentanu dipun sengkuyung dening para bebahu lajeng gegancangan manggihi pangarsane bregada. Pangarsane bregada wonten tiga, ingkang setunggal asma Ki Setro Wijoyo, Ki Joyo Negoro lan  Ki Kidang Kencono.

Bregada  kedadosan saking kirang langkung 40 prajurid Mojopahit ingkang namur kawula. Rombongan wau dipun ampiraken ing gubugipun Ki Buyut Sentanu. Rehning gubugipun ki Buyut Sentanu namung alit pramila  prajurit ingkang namur kawula wau lajeng ngedegaken tenda-tenda ing kiwa tengeni wit Asem ingkang sak kalangkung ageng.

Bregada  wau dipun tampi dening ki Buyut Sentanu lan para bebahu dados pasedherekan ingkang rumaket. Ki Setro Wijoyo lajeng nyuwun lilah badhe dherek dedhukuh wonten ing Kabuyutan menika. Ki Buyut mboten kaweratan bilih rombongan wau badhe dherek dhedhukuh nanging supados mbabad alas piyambak.

Ki Setro Wijoyo nampi panuwunipun ki Buyut lajeng ndhawuhaken pendherekipun damel brak kangge wadhah gegaman lan pasedhiyan pangan ing wewengkon kabuyutan sisih wetan. Brak ingkang kangge wadhah gegaman lan tetedhan wau benjang ing rejaning jaman dados Padhukuhan Ngebrak.

Ki Setro Wijoyo lajeng adum damel. Para Pendherek ingkang cacah 40 dipun perang dados tigang bregada. Sak perangan ndherek Ki Setro Wijoyo mbabadi rerungkudan ing sisih kidul Kabuyutan lajeng dipun besem. Geni mrentek mangidul lan mangilen.

Tatu Obong-obongan rerungkudan menika lajeng kangge dhedhukuh para pendherekipun Ki Setro Wiyoyo. Kabuyutanipun ki Buyut Sentanu dados langkung wiyar. Rehne papan menika tuwuh wit Asem ingkang ageng, ing wewengkonipun ki Buyut Sentanu, mila Kabuyutan ingkang sangsaya wiyar wau lajeng dipun katelah Kabuyutan Semanu.

Ingkang sak bregada dherek Ki Joyo Negoro mbabad rerungkudan ing kabuyutan sisih wetan dipun wiwiti saking sakwetane brak kala wau, lajeng dipun besem. Geni mrentek mangidul, mangetan. Dumugi iring kidul kandheg jalaran wonten tiyang pasulayan antawisipun Ki Branjang Kawat ingkang rumaos dipun pasrahi ngrumat pusaka tombak aran Kiai Tunggul Wulung dening Kanjeng Sunan Kalijaga, kaliyan  Ki Recodono ingkang ngaken-aken bilih piyambakipun ingkang nggadhahi pusaka menika.

Kekalihipun sami pasulayan rebatan pusaka lajeng mati sampyuh. Ki Branjang Kawat salah kedaden dados gundhukan siti ingkang inggil dening warga iku mriku dipun nameni gunung Branjang dene Ki Recodono salah kedaden Dados reca ingkang kabuncang dumugi tapel wates padhukuhan menika. Papan ingkang kangge rebatan pusaka Tombak Kiai Tunggul wulung menika dene warga masyarakat rikala semanten lajeng katelah Padhukuhan Tunggul.

Kabuyutan ingkang nembe dipun bikak lan dipun wiyaraken menika saya dangu saya makmur lajeng kathah tetiyang saking njawi kabuyutan ingkang ndherek dhedhukuh. Kabuyutan Semanu, saya dangu saya rame lan regeng. Ki Setro Wijoyo nggantos kalenggahan buyut ing Semanu saksampunipun Ki Buyut Sentanu seda. Mataun-taun ki Setro Wijoyo rumeksa kabuyutan Semanu.

Udakara yuswa 107 tahun ki Buyut Setro Wijoyo lajeng seda  dipun sarekaken sak ngandhapi wit wali kukun. lan wanti-wanti dhumateng para bebahu supados wit walikukun mboten kenging dipun tegor, awit senadyan Ki Buyut Setro Wijoyo sampun sedo tetep badhe ndherek njagi katentremanipun kabuyutan Semanu.

Wit walikukun lajeng dipun keramataken dening warga Semanu dipun pitados pinangka papan sumarenipun Ki Setro Wijoyo. Rehne kenging pembangunan Jalan wit Walikukun kepeksa dipun tegor, nanging arwahipun ki Buyut Setro Wijoyo kaputer wonten Wit Ringin ingkang mapan ing pojok ler kilen Bale dhusun Semanu Tengah.

Ngantos sepriki menawi pas Upacara Bersih desa Tri Padhukuhan Semanu taksih dipun pepetri kanthi dipun sajeni lan dipun beberaken reyog mboten ketang namung saksembahan.

Ing jaman Kasultanan Ngayojakarto Hadiningrat Kabuyutan Semanu kadadsaken Kalurahan Semanu. Ingkang mengkoni padukuhan Semanu Utara, Semanu tengah, Semanu selatan, Tambakrejo tuwin Clorot.

Dene sinten ingkang ngasta Luruh wiwit kapisanan Penulis mboten saget manggihaken kejawi namung ingkang angsta Lurah pungkasan inggih menika Kyai Poncowiryo. Panjenenganipun lereh awit wonten serat kekancingan utawi maklumat dumadining Kalurahan Semanu.

Dene tedhak turunipun Kiai Pancowiryo ingkang taksih ngasta bawat ing Padhukuhan Semanu tengah inggih menika Sestantono Rukminto kanthi sorosilan Kiai Poncowiryo (Lurah Semanu) nurunaken Ibu Marto Sumono, Ibu Marto Sumono nurunaken Ibu Kusdiniyarti, Ibu Kusdiniyarti nurunaken Bapak Sestantono Rukminto (Dukuh Semanu tengah).

 

PERANGAN III

Raden Panji Hardjodipuro

 

Kawiwitan  saking madegipun Kabupaten Gunungkidul wonten piyantun ingkang kawentar ingkang pinitados nyepeng bawat ubeng ingering praja nyekapaken jejibahanipun Raden Tumenggung Pancadirja Bupati Gunungkidul ingkang kapisan. ingkang rikala semanten nandhang gerah paningal (wuta). Panjenenganipun priyangga ing Kawedanan Semanu wekdal semanten mujudaken wilayah sepuh ing laladan Kabupaten Gunungkidul.

Laladan kabupaten Gunungkidul rikala semanten wiwit saking Bunder ngantos dumugi Tambakromo. Menggah paprincenipun inggih menika Beji, Bunder, Playen, Piyaman, Seneng, Semanu. Ing wekdal Bupati Gunungkidul kang kapisan ngasta bawat ubeng ingering kaprajan nandhang gerah wuta pramila lajeng dhawuh dhumateng  Raden Panji Hardjo Dipura ing kawedanan Semanu pinangka pangemban jejibahan paprentahan.

Salebetipun ngemban jejibahan paprentahan Bupati Gunungkidul, Raden Pandji Harjo Dipuro yasa margi lan sesek ingkang nyambung Kapanewon Semanu, Ponjong lan Rongkop, saking punjering paprentahan Kabupaten Gunungkidul ing Wonosari. Sesek wau dados cikal bakal dumadosipun Kreteg utawi jembatan Jirak.

Raden Pandji Hardja Dipura piyambak mujudaken tokoh kawentar ing Semanu. Panjenenganipun peputra tiga ingkang setunggal kakung ingkang kalih putri. Putra kakung inggih menika Eyang Gus Perut utawi Raden Harjo Sumono utawi Ndara Dono ingkang kaping kalih ingkang seda kerem ing gisiking segara kidul taksih yuswa mudha. Keremipun ndoro Dono ngagem busana warni biru, mila wiwit menika para kawula ing wewengkon Kabupaten Gunungkidul menawi cangkrama wonten pesisir kidul mboten kenging mawi ageman warni biru.

Putra putri kekalih lajeng krama kaliyan RM Surosaroyo Ronggo Penatus ingkang dedalem ing Jurangjero Kecamatan Ngawen. Dene ingkang setunggal krama kaliyan R.Ng.Poncotaruno ingkang dedalem ing Pracimantoro. Sasedanipun putri kekalih dipun sarekaken ing Laladan Jemblongan Pracimantoro dados setunggal kaliyan pasareyanipun ingkang Ibu.

  1. Ng. Pancataruna nurunaken R. Karto Pranoto ingkang lenggah ing wonosari. R. Karto Pranoto peputra R. Samadiran Karto Udoyo ingkang lenggah ing Semanu. R. Samadiran Karto Udoyo peputra 6 ingkang pembayun RR. Dirjo Werdoyo ingkang lenggah ing wonosari. Nomor kaleh RR. Samilah Wardoyo Hartono ingkah lenggah ing Semanu Kidul. Putra nomer tigo Roro Sadiyah Projo Pranoto, Putro nomor sekawan RR. Kartodimejo ingkang lenggah ing semanu Kidul. Ingkang nomor gangsal Raden Harjo Wardoyo Subali ingkah Lenggah ing Semanu Kidul. Engkang wuragil Raden Sugriwo Sastro Puro, ingkang dados lurah Semanu kapisan sak sampunipun manunggaling desa Semanu, Munggi lan Nitikan.

Raden Panji Hardjo Dipuro seda ing dinten Kamis Kliwon tahun 1837 lan dipun sarekaken ing Makam Gedhong Semanu selatan. Tedhak turune Raden Panji Hardjo Dipuro sedoyo dipun sarekaken ing Pemakaman Kulawarga Kepanjen Semanu selatan.

R.Sugriwo Sastropuro mboten dangu anggenipun ngasta Lurah lajeng undur diri amargi ngebotaken anggenipun dados Guru. Wiwit menika trah Raden Pandji Hardjo Dipuro pedhot mboten wonten ingkang ngasta bawat ing Desa Semanu.

 

PERANGAN IV

Sejarahipun Desa Semanu

Kapurwakan saking manunggalipun tigang wilayah Kalurahan, inggih menika: Kalurahan Semanu, Kalurahan Munggi, lan Kalurahan Nitikan, ingkang tetiganipun panci namung celakan, satemah dados Kalurahan Semanu.

Manut sumber tinulis lan lisan, tigang Kelurahan ingkang kadadosaken satunggal menika wau, inggih menika:

  1. Kalurahan Munggi.

Ingkang pungkasan kapimpin dening Lurah, Ki Noto Suwarno. Wondene wewengkonipun dumados saking:

  • Padukuhan Munggi.
  • Padhukuhan Wareng.
  • Padhukuhan Munggipasar.
  • Padhukuhan Tunggul.
  • Padhukuhan Ngebrak .
  • Padhukuhan Sokokerep.

 

  1. Kalurahan Semanu

Ingkang pungkasan kapimpin dening Lurah Ki Ponco Wiro.

Punjering paprentahan ing dalemipun Lurah. Kalurahan (sak menika Pekarangan ingkang dipun lenggahi keluarga Bp Yus, Kingkin Sri Setyorini lan Bp Dukuh Semanu tengah Sestantono Rukminto).

Wekdal semanten Kalurahan Semanu hamengkoni : 

  • Padhukuhan Semanu Lor.
  • Padhukuhan Semanu Tengah.
  • Padhukuhan Semanu Kidul.
  • Padhukuhan Tambakrejo.
  • Padhukuhan Clorot.

 

  1. Kalurahan Nitikan

Kapimpin dening Lurah Mangun Sentono.

Punjering paprentahan ing dalemipun Lurah. Ing Ngringin sakmenika dipun lenggahi keluarga.

Kalurahan Nitikan dumados saking enem padhukuhan, inggih menika:

  • Padhukuhan Nitikan Wetan.
  • Padhukuhan Nitikan Kulon.
  • Padhukuhan Pragak.
  • Padhukuhan Bendorejo
  • Padhukuhan Sambirejo.
  • Padhukuhan Ngringin.

Ing wiwitanipun taun 1947, dipun wonteni pemiliyan Lurah ingkang mapan wonten ing joglo dalemipun bapak Merto Iran (samenika dados griyanipun bapak H. Sudarminto). Jago wonten kalih inggih menika, Sastro Puro lan Busono. Pamilihipun mujudaken wakil saben somah kapendhet 1 tiyang. Wondene “cara pemilihanipun” kanthi acungan. Asiling pemilihan kasebat, ingkang sasap bapak Sastro Puro.

  1. Paprentahan Lurah Sastro Puro (1947 – 1951)

Sasampunipun menang ing pemilihan lurah kasebat ing nginggil, Sastro Puro syah dados Lurah Desa Semanu ingkang kapisan. Punjering paprentahan tetep wonten ing Joglo kagunganipun bapak Mento Iran, nanging Lurah Sastro Puro pidalem ing Padhukuhan Semanu Kidul. Dene Carik Desa ing wekdal samanten kaasta dening bapak Busono.

Ing jaman Lurah Sastro Puro menika ngasta paprentahan, nyarengi kawonten ingkang sarwa ngrekaos. Inggih ing taun 1947 menika dumados perang Kamardikan ing saindenging wewengkon Indonesia, kalebet ugi ing Gunungkidul. Inggih lantaran menika, griyo Joglo punjering paprentahan Kalurahan Semanu dipun bom sesarengan kaliyan Kapanewon Semanu. Menika inggih awit saking trekahing penjajah ingkang nganggep yen Kapanewon Semanu mujutaken papan mirunggan kangge para pejuang ingkang damel kapitunan penjajah.

Lurah Sastro Pura menika satunggalipun Lurah ingkang gadhah “dedikasi” sae. Inggih ing titwanci paprentahanipun, Kalurahan Semanu kasil netepaken wates-watesing 19 Padhukuhan kasebat.

Sastro Puro lereh dados Lurah Semanu, awit rumaos langkung sreg dados guru. Emanipun ngantos sapriki boten wonten bukti-bukti sinerat ingkang pinanggih, gayut kaliyan diri pribadi lan kulawrganipun Lurah Kelurahan semanu ingkang sepisanan menika.

Sasampunipun Sastro Pura, kalenggahan Lurah dipun asta dening bapak Busono.

 

  1. Paprentahan Lurah Busono (1951 – 1966)

Lurah Busono ngasta paprentahan Kalurahan Semanu nerasaken lurah Sastro Pura ingkang lereh awit saking pikajengengipun piyambak.

Punjering paprentahan desa wonten ing dalemipun Lurah, ing wewengkon Padhukuhan Nitikan Kulon.

  1. Paprentahan Lurah Cipto Sudiyo (1966 – 1989)

Ing titi wanci taun 1966 lan sakiwa tengenipun, kawontenan ing Kalurahan Semanu kaanggep nguwatosi, awit kaperbawan kawontaning negari, milo pemerintah lajeng . Awit kanthi dhasar menika, mila kalenggahan Lurah kaasta dening paraga saking Kepolisian, inggih menika bapak Cipto Sudiyo. Iinggih ing jaman menika ugi, madeg Pendapa Bale Desa, ingkang kagem kantor Lurah, ing taun 1973. Bale Desa ingkang kagem pujering pemerintahan Desa Semanu ugi pun bangun sak kiwo tengenipun kange bagian-bagian perangkat Desa, milo wiwit ing tahun 1973 saksampunipun madeg Bale Desa pujering pemerintahan kange ngladosi masyarakat soyo mindak sae lan tumoto.

 

  1. Lurah Desa Pono (1989 – 2007)

Kawiwitan saking wontenipun pemilihan Kepala Desa ing taun 1989, kanthi jago cacah kalih, inggih menika:

  1. Bapak Pono
  2. Bapak Ilham Sastro Hartono
  3. Bapak Supardi
  4. Ahmad Suharyono

Ingkang unggul lan katetepaken dados Kepala Desa inggih menika bapak Pono kanthi masa jabatan dangunipun 8 taun. Wonten ing wanci menika ugi, Desa Semanu katetepaken dados Desa Budaya, dening Gubernur Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, ing taun 1995 kanthi katetepan 325/KPTS 1995 tentang Pembentukan Desa Bina Budaya di Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Sasampunipun telas masa jabatanipun, lajeng wonten pemiliyan Kepala Desa Semanu malih ing tahun 1997, kanthi jago cacah 3, inggih menika:

  1. Muji Hartono
  2. Pono
  3. Wanto Harusno

Ingkang sasap ugi bapak Pono, lan ngasta paprentahan ing Desa Semanu kanthi panguwaos 10 tahun laminipun, ngantos lereh ing tahun 2007. Salebetipun ngasta pinangka Kepala Desa (ing titiwanci menika istilah Kepala Desa dipun gantos dados Lurah Desa, nangih wangsul malih dados Kepala Desa), bapak Pono kasil ngrampungaken pembangunan Bale Desa lan Kantor Kepala Desa Semanu kanthi sae.

 

  1. Kepala Desa Andang Yunanto (2007 – 2013)

Kawiwitan saking wontenipun pemilihan Kepala Desa Semanu periode 2007 – 2013, ing dinten Minggu Wage, 18 November 2007, kanthi jago cacah 4, inggih menika:

  1. Andang Yunanto
  2. Wijono AS
  3. Wasidi, S.Pd
  4. Warsono

Ingkang sasap Andang Yunanto, pinangka Kepala Desa Semanu Periode 2007 – 3013, utawi sadangunipun 6 tahun.

Salebeting ngasta Kepala Desa kasebat, bapak Andang Yunanto ngrembakakaken program pembangunan desa kawiwitan saking wewengkon pinggiran, kanthi metode pemberdayaan masyarakat.

Kanthi Visi dadosken Desa Semanu ingkang sae soho resik, saget kangge majengipun masyarakat  ingkang saged madeg ugi kopentitif, Misi poro pamong saget gladosi masyarakat kanthi leres, saget budidayaulu wetu ing poro kadang saget tambah ngremboko, budidaya para warga angenipun pados pangkupa jiwa lumampah ugi Koperasi

Lembaga Desa LPMD,PKK,Karang Taruna,RT,RW,LPMP saged nyambut damel sesarengan amrih lumampahing Pemerintahan ugi Pembangunan, katitik ing tahun 2017 dumugi 2013 pembangunan saget radin ing sedoyo Padukuhan :

  1. Dandosi Balai Desa kainggahken
  2. Dandosi lapangan Tri wanasakti Semanu Selatan,Krida Tama Munggi, Sambirejo lan ugi Pragak
  3. Dandosi mergi, Rabat beton, Drainase lan Talut

Sasampunipun setunggal periode kasebat ing nginggil kala wau telas, lajeng Pemerintah Desa Semanu ngawontenaken pemilihan Kepala Desa malih, ing dinten Rabu, 23 Oktober 2013. Menggah jago Kepala Desa ingkang gadhah hak kapiih wonten kalih, inggih menika:

  1. Muji Hartono
  2. Andang Yunanto

Asiling pemilihan inggih menika, Andang yunanto, ingkang unggul lan kagungan hak nglenggahi panguwaos Kepala Desa. Pramila lumantar “SK Bupati Gunungkidul Nomor141/60/PG/KPTS/2013 Saudara Andang Yunanto Kepala Desa Terpilih menjadi Kepala Desa Semanu Kecamatan Semanu Masa Jabatan Tahun 2013 -2019”. bapak Andang Yunanto dados Kepala Desa Semanu malih kangge periode 2013 -2019.

Desa Semanu, sadangunipun kapimpin dening Kepala Desa Andang Yunanto menika kasil nuwuhaken prestasi-prestai ingkang monjo.  Kanthi Visi Misi glajengaken pereode ingkang sepindah Pemerintah Desa Semanu saget resik saking KKN (korupsi,Kolusi,Nepotisme), saget mujudaken lan nyekapi kebetahan masyarakat lahir saha bathin kanti saget pun pirsani saking kacekapan tedha,ageman,papan,pawiyatan,kesehatan ugi masyarakat saget ayem tata titi tentrem. Misi saget gladosi masyarakat kanthi sae kanti perangkat Desa ingkang pinunjul utawi reformasi birokrasi lan ugi saget gulowentah Sumberdaya alam lan lingkungan kanti celak kaliyan warga masyarakat ugi saget ngladosi ing babagan usaha lan koperasi.

Kawontenan Pemerintahan sak menika kedadosan saking Kepala Desa Andang Yunanto, Sekretaris Desa Suhartanto,SH, Kasi Pemerintahan Destyana Hermawati,S.Pd, Kasi Kesejahteraan Agus Sumarno.A.Md, Kasi Pelayanan Susti Wulansari, Kaur Tata Usaha dan Umum Kuat, Kaur Keuangan Eli Anjarwati.S.Sos, Kaur Perencanaan Anik Astuti, 19 Padukuhan, tiga staf kanti Perdes No 5 tahun 2017 tentang Susunan Organisasi dan Tata Kerja Pemerintah desa Semanu. BPD (Badan Permusyawaratan Desa) ingkang cacahipun wonten 11 piyantun menika saget sesarengan kaliyan Pemerintah Desa Semanu angenipun gladosi masyarakat ugi kange damel sesarengan kaliyan pemerintah Desa babagan Paugeran Desa.

Lembaga Desa Semanu ingkang kedadosan saking LPMD (Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa), PKK, Karang Taruna, Desa Budaya, FKPPS (Forum Komunikasi Pendidik PAUD Semanu), Gapoktan (Gabungan kelompok tani) sedaya lembaga Desa saget makarya kanti sae.

Kange pembagunan gedung PAUD ugi dandosi, APE (alat Permainan edukatif) wonten ing lebet ugi ing jawi lajeng pendidikipun ugi wonten program nambahi seserepan sedoyo kanthi yambut damel kaliyan FKPPS, Pembungan Perpustakaan Desa wonten ing Semanu Tengah, Pembangunan Mergi Desa ugi mergi lingkungan/pemukiman ing 19 Padukuhan, Pembagunan turap/Talud/Bronjong mergi Desa, Drainase/Gorong-gorong, pembangunan jaringan toyo resik,

Pembangunan Kios Desa, Pembangunan Merga usaha Tani,Desa Siaga,Posyandu. Kange Pembinaan ing antawisipun Pembinaan RT/RW,PKK,Pengetan dinten Nasional, Linmas,TKPK (Tim Koordinasi Penanggulangan Kemiskinan Desa), Pembinaan Seni dan Budaya, Keagamaan. Kangge Pemberdayaan masyarakat antawisipun Pelatihan sae aparatur Pemerintah Desa lan BPD, LPMD/LPMP, Pelatihan pengembangan winih lokal pertanian ugi perikanan, damel pupuk organik, tanduran kange obat (Toga), KB, kader Kesehatan, Bina Keluarga. Desa Semanu rikolo tahun 2016 nderek lomba Desa kanthi pikantuk Pinjul 2 (kalih) ing Kabupaten Gunungkidul, Desa Budaya rikolo tahun 2017 Pinjul 1 (setunggal) ing tataran Daerah Istimewa yogyakarat wonten ing Gelar Potensi Desa Budaya.

SEMANU KANG SATUHU

“Adeg iku kudu jejeg” (Sunan Kalijogo, Wali Songo).

Saking mapinten pinten pemanggih cariyos ingkang kaserating perangan-perangan nginggil, ketingal bilih Desa Semanu menika kedadosan saking tigang bekas kelurahan, inggih menika Kelurahan Semanu, Kelurahan Munggi dalah Kelurahan Nitikan.

Gusti kang akarya jagad maringi pangayoman dumateng bumi lan para leluhur Desa Semanu ingkang sampun kapurwakan nunggal trah rikala punggawa Majapahit amiwiti kabuyutan.

Carios ingkang benten-benten menika mboten dadosaken derdah, ananging malah saget nambahi kekiatan paugeranipun manunggaling kawula lan kawula saha kawula marang Gustinipun.

Dumadine Desa Semanu kanthi paugeran maklumat 1946 babagan Pemerintahan kalurahan supados dipun gabung, tigang Kelurahan Munggi, Semanu, Nitikan, lajeng sami pirembagan netepaken dados  tetennger manunggaling tigang Kelurahan dados setunggal Desa Semanu. 

Lan tetenger menika sageto dados dinten lahiripun Desa Semanu, awit miturutMaklumat No 5 Tahun 1948 Pemerintah Daerah Isttimewa Negara Repoblik Indonesia Jogjakarta (Kasultanan dan Pakualaman) Tentang Hal Perubahan Daerah-Daerah Kalurahan dan nama-namanja tertanggal, 22 April 1948 Desa Semanu sampun kaserat wonten ing Maklumat kasebat.

Sakmenika, Desa Semanu dados desa ingkang gemah ripah loh jinawi toto tentrem karta raharja. Sabin ingkang luas sami ijo royo-royo kaliyan pantun paraamong tani. Radosan ingkang alus lan wiyar nggampilaken parawarga anggenipun makaryo.

Pencarian

Komentar Terkini

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Lokasi Semanu

tampilkan dalam peta lebih besar